Kamis, 13 Maret 2008

Asal-usil


Nek ndelok kahanane jaman saiki neng pulau jowo suwe-suwe iso punah bosone lan kudu belajar
neh nang negoro londo. La yok opo meneh wong saiki arek enome wes ra gelem sinau kesenian jowo senenge mung belajar disco mabuk-mabukan. Malah sing belajar kesenian akeh wong long londone yok opo iso nglestarekno kebudayaan nek koyo ngono. Sedih ndelok kahanan sing koyo ngono iku tapi yok opo neh la wong pemerintah ae yo cuek bebek hehehehe.

ATUR PAMBAGYO

Griya maya kabudayan Jawa punika kabangun minangka wujud katresnanipun pangripta kekalih, ingkang kaleresan kalairaken minangka tiyang Jawi, dumateng kabudayan Jawi. Sesirah Sesotya rinoncé, ateges reroncèn séla aji, nggambaraken ancas tujuwan kula kekalih mbangun griya maya abasa Jawi punika.

Blaka suta, kawruhing pangripta ing babagan budaya lan kabudayan Jawi namung sakuku cemeng. Namung adrenging manah kepingin tumut angleluri kabudayan Jawi ingkang anjalari kula kumawantun mbangun griya maya punika minangka wadhah reroncèn kawruh lan karya ingkang magepokan kaliyan kabudayan Jawi punapa déné ingkang kaserat nganggé basa Jawi. Ing pangajab, reroncèn ingkang kapacak ing griya maya punika sageda dados tambahan kawruh ingkang migunani kanggé para rawuh lan sageda nuwuhaken rasa tresna dumateng kabudayan lan masyarakat Jawi.

Griya maya punika mangrupi karya pribadi ingkang kagarap yen pinuju wonten kalodhangan wekdal ing saselaning karépotan ngayahi jejibahan sanèsipun. Nanging, kanti wekdal ingkang cupet lan kasagedan ingkang winates, pangripta badhé tansah mbudidaya sasagedipun atur pasugatan ingkang mboten nguciwani.

Wanguning pasugatan pancèn kadamel prasaja, mboten njlimet lan kekathahen rerenggan supados para sutresna saged énggal lan lancar ngrawuhi lan mblebet dateng griya maya punika, senaosa ngagem piranti ingkang prasaja. Pangripta tansah ngajeng-ngajeng paringipun panyaruwé lan pitedah saking panjenengan sedaya.

Panuwun ingkang tanpa upami kaaturaken dateng para mitra sedaya, ingkang sami nyengkuyung lan paring pambiyantu hambangun griya maya punika.

Template by : x-template.blogspot.com
Trik-Tips Blog